Murid Tukang Nyontek

Kalau saya lagi bosan dan ngantuk buanget di kantor, biasanya saya ndengerin rekaman acara radio di kampung, yaitu Curanmor (Curahan hati dan humor). Dijamin saya langsung ngekek-ngekek sendiri. Saking seringnya saya putar, saya sampai hafal ceritanya hehehehe

Begini salah satu ceritanya:

tok tok tok

WALI MURID : Assalamu'alaikum

PAK GURU : Wa'alaikum salam

WALI MURID : Niki leres niki, ruangane pak guru niki?

PAK GURU : Njenengan sinten  bu?

WALI MURID : Niki kula niki biyunge Kardi. ge uli surat niki saking sekolahan. terose kula ken mriki ken ktemu kalih Pak Guru

PAK GURU : Ooh.. dadi rika sing biyunge Kardi yah?

WALI MURID : Enggeh niki lah..Onten napa sich Pak Guru?

PAK GURU : Nggeh mriki lenggah riyin, lenggah..lenggah riyin...lenggah.. nah...ngobrol-ngobrol karo njagong tulih kepenak bu

WALI MURID : Lah iki ora tau-taune ulih surat, kang sekolahan. Padahal biasane ngger Kardi ora mangkat sekolah, nyurati ora tau dibalesi. Kiye  jan...niki critane kula ken mriki maksude kepripun?

PAK GURU : Kiye kaya kiye bu..njenengan terpaksa diundang meng sekolahan. Kuwi mergane kuwe anake rika si Kardi kuwe, kuwe wis bola bali kewenangan nyonto

WALI MURID : Kepriwe?

PAK GURU : Kewenangan nyonto!! apa enggane nang umah ora tau sinau?

WALI MURID : Ari ngendika ki sing leres! Sing  bener! Ditata, sing ati-ati! aja main-main,aja main-main! Bisa-bisane ktemu pirang perkara, rika sebagai seorang pak guru ngarani anakku Kardi tukang nyonto nang sekolahan. Ana-ana kaya kiye, kluargane enyong ki ora nana sing jenenge dadi turunan tukang nyonto. Wis  genah... kakine, ninine nganti ramane tekan enyong sebagai biyunge ki ora nana sing sekolah..ora nana sing sekolah...dadi wis ora mungkin nyonto! Kok  bisa2ne Kardi anaku lanang, siji-sijine sing bagus dewek sekandang ayam, koh ndarani tukang nyonto. Kui  sing jenenge pembunuhan karakter kuwe Pak Guru ! Pembunuhan karakter!

PAK GURU : ghegheghe... biyunge Kardi ngerti pembunuhan karakter. Rika  kuwe ngger ana wong ngomong dirungokaken. Memper  bae ya Kardi bodho nang sekolahan, biyunge beh kaya kiye. ngomong karo pak guru mbok sing mandan ngajeni apa kepriwe. Gayane  ngomong pembunuhan karakter...pembunuhan karakter. Methentheng  mentheng kelek kayak cerek. Rika ki diundang meng sekolahan ki mergane wis bola bali bola bali bola singjenenge Kardi kuwe kewenangan nyonto! angger ulangan, nyonto batire, nyonto kancane.

WALI MURID : Aja main-main pak guru,aja main-main kiye luh ya! aja main-main!! Enyong  kiye memenuhi panggilan maring sekolahan, kiye wis mengorbankan waktu, mengorbankan duit sepuluh ewu perak, nggo mbecak... Bolak-balik!! Jatahe  kudu nggolek toke ulih duit, dadi ora ulih duit. Gutul  sekolahan kur arep dilapori, nek Kardi anaku lanang anu doyan nyonto. karepe kuwe kepriwe,karepe kuwe kepriwe!?! angger anaku lanang pancen doyan nyonto, berarti rika sing ora bisa mulang. Ingsine kur prentah muride urunan terus...
Gurune mriang...urunan!
Gurune babaran...urunan!
Kucinge gurune mati...kon urunan!
Rika sebagai guru kuwe kurang perhatian. Bisa-bisane muride ana sing nyonto?!

PAK GURU : Eh...gheghegheghe...Huwalaahhh..hahahaha. Kiye ya wong mlaku njaluk dibrengkolang, malah isa2ne nyalahna gurune. wong diundang maring ngeneh kuwe yah...niki..niki..niki..dimirengaken niki nggih..ngiih..!!! dimirengaken  !!! Njenengan niku diundang maring sekolahan niku ben ngertos, tindak-tanduke, kelakuane sing jenenge Kardi anakmu lanang kuwe nang sekolahan kepriwe. Dadi ben nang umah kuwe mandan ana didikane, mandan ana perhatiane sekang kluarga,sekang wong tuwa. Aja modod-modod kaya kuwe...

WALI MURID : Tapi enyong tetep bae ora trima nek anakku lanang Kardi ndarani tukang nyonto

PAK GURU : Ora trima ya nganah kendat!

WALI MURID : Rika sebagai pak guru wis ngarani Kardi tukang nyonto kuwe kudu nduwe bukti. Bukti otentik! Bukti-bukti otentik! Jajal endi buktine anakku lanang dadi tukang nyonto nang sekolahan?

PAK GURU : Geh bu... sapa rika jenenge?

WALI MURID : Dakem !

PAK GURU :Geh, niki.. Nini Dakem, Biyunge Kardi. Bukti-buktine anake rika si Kardi dadi tukang nyonto jelas. Ulangan kiye deleng kiyeh, kertas ulangane deleng ki! Kiye salah siji buktine. Pas lagi ulangan. Pertanyaan nomer siji geh ' Siapa pengarang buku Habis Gelap Terbitlah Terang?' Ji'eng kuwe kanca sebangkune njawabe RA.Kartini. Kardi bisa-bisane melu njawab RA. Kartini?

WALI MURID : Hu....huhuuhu. Kiye gurune kayane kiye gurune sing gurune jan... Rika guli dadi guru mbiyen kepriwe Pak? Ijazahe nembak apa yah? Lha wis genah-genah, sapa bae ya ngerti jawabane Pengarang buku Habis Gelap Terbitlah Terang. Nek Ji'eng njawab RA.Kartini, lah Kardi njawab RA.Kartini. Koh bisa-bisane ndarani Kardi nyonto?

PAK GURU : Ana maning,ana maning kiye Nini Dakem. Bukti yang kedua kiye. Pertanyaan yang keloro. Deleng kiye pertanyaan yang keloro! 'Dimana RA.Kartini dilahirkan?' Ji'eng njawab Jepara, bisa-bisane Kardi melu njawab Jepara

WALI MURID : Kiya kayane pancen guru njaluk dikerok kumise separo apa yah? La ya wong wis bener, kuwe jawabane bener mbok bener! bener! Jawabane anaku bener koh bisan-bisane ndarani tukang nyonto? Kuwe karep-karepe kepriwe? Bisa bae malah Ji'eng sing nyonto Kardi. Udu Kardi sing nyonto Ji'eng. Heh! karep-karepe kepriwe rika,sebagai pak guru ki karepe kepriwe???!

PAK GURU : Bukti ketelu yah, bukti ketelu geh. Kenangapa Kardi kok bisa kewenangan dadi tukang nyonto? Nyonto maring batire sing njagong nang sebelahe. Pertanyaan ketelu "Tahun berapa terjadi Perang Diponegoro?" Ji'eng njawab "Ora Ngerti". Bisa-bisane Kardi jawabane " Apa maning enyong"

Tweweweng.....


Sumber : ndengerin Curanmor

Comments

Unknown said…
aduh kagak ngarti dhe.banyak bahasa jawanya
ria haya said…
hehehe, sengaja Mbak :p
nooryanti said…
This comment has been removed by the author.
nooryanti said…
ya ampyuunnnnn............wkkkkkkk........yo wis buah jatuh ga jauh dari pohonnya... like father like son podho ngeyelanne kayak e...heheheh....

Popular posts from this blog

Tahukah Anda tentang Suku Sentinel ?

Ternyata namanya adalah Sero

11.11